Puisi Ngapak

PIWELING
Sofia Hidayati

Nduk, cah ayu
Lakon dadi bocah wadon
Aja bebehan
Klembrah-klembreh semakean
Dikongkon mrengut
Diomongi njaprut

Nduk, cah ayu
Dadia wanita
Kang nduweni pronoto
Kang gelem ditata
Ora ndablek
Mah moh mah moh
Karo mbesengut
Demene semaur
"Bebeh!"

Nduk, cah ayu
Thiring-thiring rupamu
Nek mesem nggawe seneng
Gemati ing lumaku
Ngati-ati ing pengucap
Ora asal kemecap

Pojok ngapak, 12122019 19.23

***
SRAWUNGA
Sofia Hidayati

Urip ora sesrawungan
Sepi nyenyet
Bakal ko' rasakna


Karo tangga mlengos
Rumangsa luwih
Udu levele

Banda micekna mata
Matikna ati
Urip dewek-dewek

Nek tiba mangsane
Cakra manggilingan
Ngglundung nang ngisor

Anyep rasamu
Kanca pada ngedohi
Isin arep nyrawungi tanggane

Mumpung esih ana wektu
Owahi laku
Aja nganti ketemu getun

Pojok ngapak, 09012020 10.35

Katrangan:
Cakra Manggilingan artine urip kaya rodha muter

***
WOLAK WALIKE JAMAN
Sofia Hidayati

Wong sugih ngaku mlarat
Bandane akeh gur diundet
Eman-eman aweh marang liyan
Karepe ulih emoh kelangan

Raskin PKH lan sekabehe bantuan
Ora isin njaluk bagian
Cupet pikire ora duwe ati
Tanggane mlarat ora peduli

Wolak walike jaman
Rasa isin wis ilang
Sing penting awake dewek keduman
Numpuk banda seorang-pirang

Program negara kang apik
Nanging ora dadi becik
Kaya nguyahi segara
Sing nampa wong sugih banda

Pojok ngapak, 11022020 08.18

0 Response to "Puisi Ngapak"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel